Monday, March 5, 2012

Asmaradana

Tinulis dening winasis/ Yen ana pitung prakara/ Sepisan surya kang manjer/Kapindhone yeku candra/
Kartika lan samodra/ Maruta dahana kudu/ Lan bhumi ingkang pungkasan//


Bagaskara kang miwiti/ Tegese kuat lan rosa/ Gawe makmuring rakyate/ Katone cahya sumirat/ Nguripi mring kawula/ Kaya uwit butuh banyu/ Yakuwi tegese surya//


Kapindhone maharesmi/ Katon endah ing ambara/ Madya ratri kang seksine/ Sasmita sinudarsana/
Kanggo para manungsa/ Madya ratri katon tangsu/ Bagaskaraning rahina//


Jaman edan amenangi/ Kawula Gusti asedya/ Manungsa lan ing nginggile/ Kartika sisihan candra/
Paring para manungsa/ Cahya endah lan pituduh/ Amrih bekti lan utama//


Pungkasane banyu mili/ Pesthi ana ing samodra/ Ra ketung jero jembare/ Tegese dadi panggonan/
Kang nampa pangawikan/ Welas asih anteng iku/ Jalanidhi lan samodra//


Yen sira krasa sembribit/ Tegese iku maruta/ Bathara Bayu asale/ Yeku gusti lan kawula/
Gusti lan kawula padha/ Mboten wonten ingkang unggul/ Lan gusti kudu ngumbara//


Saklajenge yeku geni/ Sira kudune waspada/ Ananging senthir contone/ Dadi padanging rahina/
Ngedegake kabecikan/ Ing papan panggonan mau/ Yeku kang aran dahana//


Ciptanira Sang Hyang Widhi/ Sasmita ingkang pungkasan/ Cakra ing jagat tegese/ Aweh hasil kanggo para/
Manungsa ingkang ngolah/ Lan manungsa kang satuhu/ Cakraning Hyang Antaboga//


Menika sipate gusti/ Kang ana pitung prakara/ Bilih Gusti ora sare/ Weh wasita pra manungsa/
Gusti kang sae punika/ Kang nduweni sipat pitu/ Sasmita sinudarsana//


Dadi pungkasan kaesthi/ Sipat kang dadi pungkasan/ Ngedab-edabi wujude/ Yeku kang sebut angkasa/
Panggonaning aruna/ Uga kartika lan tangsu/ Jembar kang tanpa winetas//























1 comments:

 

Copyright © nglengkong Design by O Pregador | Blogger Theme by Blogger Template de luxo | Powered by Blogger